Ayo rek podo parikan Suroboyoan!

nizhami

New member
Dapurane arek suroboyo rata2 kan koyo cak kartolo karo bung sukro/i, nang thread kene gak usah serius2 jon, gak pantes blas hahaha.. Iki yo itung2 karo nglestarekno budaya parikan suroboyo mbah2ne awake dhewe mbiyen. Aku dhisik yo?

Dino minggu mlaku-mlaku nang pasar wonokromo. Muter-muter golek sepatu temune nang pasar turi.
Atiku seneng chatting karo arek wedok sing ngakune koyo wulan guritno. Dijak ketemu tibakno rupane koyok mpok nori.

Hehehe.. peace..
 
tak molai disek cak :D
onok gulo onok semut
durung rondo ojok direbut

a070.gif
 
Buah manggis buah melon,
Yen awak'e atis yooo ayo ndang kelon!!

Sing ra duwe pasangan:
Buto ireng bojone buto ijo,
Yen ra duwe pasangan yooo ndaj nggolek bojo!

Sing ra iso nggolek pasangan:
Omah Jonglo onone nang nJowo,
Yen ora iso yooo ra usah kuciwo!
 
Sing durung tau kawin :
Mlakune jinjit rambute cokor gondhol tapi tangane ngawe-awe
Anune dikempit ngalor ngedhol tapi suwe gak tau digawe
Akibate :
Prasmanan tuku tumpeng campur bothok tekek
Prasaku yo kemeng nganggur thok rek !
 
Mbukak sumpel irunge wewe yo bakal nyuwek klambi lorek
Mbuak umbele dhewe durung iso wis akal akal njaluk rabi rek rek !
 
Minyak rambut jarene Tancho
Kluwek bumbune rawon Suroboyo
Gak nyambut gawe wis duwe bojo
Dhuwek sak kebutuhane sik njaluk wong tuwo
 
Nyandang klambi kaine sing lembut dewe
Ndhang ndhang rabi nek wis nyambut gawe

Menek wit Mranti jarene ojok ceket godhonge
Nek wis ngerti rasane jare kok gak ket biyen ae !
 
Moco koran nyanding camilan pedhes rokok'e menyono
Mugo2 Pengeran sing katuran mbales wong sing apik atine koyok peno
 
Pojok kali onok arek mbecak momot kloso sangune Gaplek sisane rioyo
Ojok lali barek cak Markeso jago kentrunge arek Suroboyo !
 
Nasib Ludruk jaman saiki :
Cak Kartolo melok ngedhuki jurang sampik megap megap
Gak mentolo ndelok Ludruk saiki arang arang onok sing nanggap !

Wetenge luwe masio kulino nyandak pacul gak gelem mangan wingko
Pungkasane jare mergo gak gaul, enak dugem ambek disko

Kroso getir rasane wingko sak tempeh tambane mangan urang sak karung
Ojok kuatir mene yo nek aku wis sogeh sampean tak undang manggung

Jarene panganane amis......
Tapine tanggapane gratisss !!.
 
Critane mlaku-mlaku :

Tuku buku budhal biasa numpak bemu ambek ngguyu mergo mari ngombe jamu
Mlaku mlaku nang Royal plasa ketemu arek ayu awake lemu

Buku regone gak obralan mergane stok kosong
Karepku kawitane tak jak kenalan jare omahe nok kampong

Riwa riwi tok gak tuku buku jarno mene ae gampang
Suwi suwi kok arek iku ngaku jarene pegatane wong Jepang

Jarno gak oleh buku mlaku mlaku ae pokok mangan
Rondo yo enak jareku akeh pengalaman !
 
Opo Bedane Prawan Karo Rondo

Awan bengi nggawe sampo merang
Prawan saiki wedhake rego larang

Nang Rungkut numpake becak
Bangkrut bandare cak !!

Menek ondo pring petung, masang genteng kurang limo jumlahe
Nek rondo kempling yo untung wedhak sembarang nrimo ae

Rokoke mestine Tali Jagat
Pokoke blanjane gak tau telat

Tambane obat regane murah
Blanjane telat piringe pecah !!

Nang Banten golek lengo wangi
Ndang Coba’en nek peno wani !!
 
Bakwan siomeh ojok lali tambah kripik tekok Probolinggo
Prawan moleh bengi-bengi gak apik didhelok tonggo
 
Back
Top