Ayo rek podo parikan Suroboyoan!

Benang tali gawe nyambong mergane gak onok tali kawat seling
Nang endhi sing liyane aku ngomong dhewe koyok wong gawat sing gak eleng !!

Rokok klaras jare rasane gak enak
Pokok waras ae pikirane cak !
 
critane wong oleh lotre :

Mlaku tuku lengo gawane tas isi klentheng
Kancaku ngguyu mergo atine pas lagi seneng

Gak wani budhal dewe mergo wedhi diarani kere
Tak takoni semaure jare wingi mari oleh lotre

Padhal warunge iyo nek gak adoh
Ayo ndhang budhal po’o golek barang sing aku gak emoh
 
kidungan tengah wengi 2 :

Simbah Sungkono sering lali masio mesem
Ditambah grungokno gending jula juli ati kroso tentrem
 
Dagelan :

Mangano kene tapi anane mung telo
Rungokno banyolane cak Kartolo

Tali kutang tali benang
Lali utang lali sembarang

Moto blalak blalak klilipen
Wis to ngakak ngakak temen !
 
Konco keluwen :

Kaitane nemu Kinco nang Trawas - digawe kolak masuk angine amblas
Critane ketemu konco lawas - Suwe gak ketemu kok raine melas

Luput angine amblas mesti waras - sak durunge ngombe moco mantra ganas
Jiamput masio melas tapi nggragas - gak ngonone mbokyo ojok nggragas

Mantrane dedemit gendruwo setan alas
Gak athek amit moro-moro Ketan amblas !!
 
Kancaku kebacut :

Mangku wadahe baki – wingi mari dikorahi
Kancaku jenege Dra’i – nganti saiki durung rabi

Diangin kolo- kolo dilapi – bekas wadahe pelem Kuweni
Kepingin kenal karo Wati – tapi blas gak gelem tau wani

Onok akeh roti Srabi – bakale digawe mene Kemis Legi
Ojok maneh Wati dirabi – nyekel tangane ae wis nggreweli
 
Badhek-badhek’an :

Tekek Klopo sing gak waleh metu – mergane nangkep Sriti sing nok lapangan
Kenek opo nang rel sepur akeh watu – anane ngono sebab nek akeh roti lak mbok pangan !!
 
gawe nizhami 2,

Benang dilur ketok sendok mlengkung nang kuwali poteh
Lanang tak aku dulur nek wedok aku durung onok rencana rabi,………..maneh !
 
Pengalaman pedhes :

Udan deres kilate bledhek cemlorot
Mangan pedhes celonone sampek mlorot

Ngiyupo nang sanding dalan tol Wonokromo
Gak po po sing penting gak ketok morotuwo

Tiwas tekan tembok dalan tol tiba’e udane gak pati deres
Awas kakean lombok jalaran wetenge nganti mules

Mbukak duwit oleh utang mari tuku once
Bolak balek pamit nang mburi jare mlebu we-ce

Rokoke Biru sak lencer regane imbang temen karo nggowone
Tibak’e kliru mlungker nanggone amben kamar morotuwone

Mlakune jinjit nglangkah kucing wis tuwek athek elek
Batine ‘’hancrit’’ !, maeng mulo tah sing ati-ati rek-rek !!
 
Pengalaman pedhes 2 :

Korek bening ketok werno biru
Arek sing ndlodhok ojok peno tiru

Kademen nyumeto geni
Temen lho iki

Masio kademen menek wit Duren karo Mauni
Ayo coba’en nek wis pancen peno wani
 
mbayari mangan kenalane :

Cikal bakal gulo sak sendok
Akal akal nggudo arek wedok

Dikerik’i temenan nganti ambek lungguh ndodok
Dijaluki mangan ati sampek, ..aduhh…, mbedodhok !

Mangane mek sak pencok menu-ne
Mergane rek, gak nyocok karo sangune
 
mbayari mangan kenalane 2 :

Loro jenthik’ane keplecok di gawe mlaku gak iso tangi
Njero ati batine ‘’j*nc*k’ ngipi opo awakku mau bengi
 
tuku songket nang kalijaran
jebule nang kalidami
busyeeeeeeeet...cakpri nek parikan
gag kahal karo cak sapari
sok_kyut.gif
 
Bambang cukur gundul nenggak minuman toak’e cak Narkan
Timbang ngalor ngidul gak onok tujuan lak enake parikan
 
Back
Top