carane caturan

Bls: carane caturan

wah la iki..perlu iki...aku ora ngerti caturan sing dimaksud kuwi opo to???

wah ayo sing ngerti, monggo dipun tanggapi..
 
ilo-ilone brayan jowo perengan tengah sisih kidul kaya kiye..
- ora ilok caturan nyambi badogan. ora kencot-kencot, keseleg, lawuhe mencolot, iso-ido untu palsune melo copot.
- ora ilok caturan karo merem. sing dijak caturan lungo ora ngerti.
- ora ilok caturan karo wahing-wahing. nulari pileg tanggane.
- ora ilok caturan karo cengengesan mesam-mesem. marahi bubrah bebrayan!
- ora ilok catiran tangane melu dlaweran. caturan ora bal-balan.(ngetokne biasa tukang klebet bal-balan)
- ora ilok caturan karo kukur2 garuk2 barang sing ndelik. ketok nek suwe ora tau kambon banyu.
- ora ilok caturan swarane banter. mbribeni tonggo turu opo sing lagi loro.
...
- ora ilok caturan nganggo boso sing ora dimudengake kancane. tiwas mbuwang2 wektu. selak aq arep budal derep karo matun pisan. matur kesuwuunnnn nderek langkung!
 
Back
Top