Ayo Nguri -uri Basa Jawa

setyawae

New member
Mangga sesarengan ndhèrèk nguri – uri lan ngregengaken kabudayan Jawi ingkang adiluhung kanthi ngginakaken basa Jawi ingkang trep, leres lan jumbuh kaliyan wewatonipun, dhumateng panjenengan sedaya ingkang ngersakaken sinau basa Jawa kula aturi pinarak mawon dating kacamaya basa Jawa www.smada-zobo.jimdo.com. Nuwun.
Bab ngenani tatacara utawi weton panulising basa Jawa ing latin punika sayektosipun sampun wonten pedomanipun kados ingkang sinerat salebeting buku “pedoman penulisan bahasa Jawa huruf latin yang disempurnakan” edisi revisi wedalan saking Balai Bahasa Jogja.
Punika wigati awit menawi nyerataken basa Jawa mawi aksara latin boten manut kaidah basa Jawa mesti kémawon kathat klènta – klèntunipun kados ing ngadhap punika ;
OJO, SOPO, ONO, KOYO, CORO, lsp…..panulisan punika kirang trep ingkang leres AJA, SAPA, ANA, KAYA, CARA…
Cobi dipunpirsani menawi panjenengan nyerataken tembung inggris GOOD BYE punapa anggènipun nyerat dados GUDBE rak boten ta ?, nyerat tembung perancis BONJOUR boten BONJUR nggih boten, mila basa Jawa ugi ngaten tembung AJA anggenipun nyerat ugi AJA boten OJO.
Amenangi jaman édan,
Èwuhaya ing pambudi,
Mèlu ngédan nora tahan,
Yèn tan milu anglakoni,
Boya keduman melik,
Kaliren ing wekasanipun,
Dilalah karsa Allah,
Begja – begjané kang lali,
Luwih begja kang èling lawan waspada.
(pupuh sinom serat Kalatidha, R.Ng Ranggawarsita)
Rumangsa andarbèni, kudu mèlu angrungkebi, mulat sarira angrasa wani
(serat Tripama, Pangéran Sambernyawa)
 
Bls: Ayo Nguri -uri Basa Jawa

Lah, kula niki mboten saged krama nggih, lamun punika panjenengan sampun ngertos krama....suip tenan....

( angele rek...) piye mbak, nggo ngoko wae ya, lewih penak...lha iki salahe guru - guru apa wong tuwa ya, krama dadi ora isa...

Parah...he...he...he...
 
Bls: Ayo Nguri -uri Basa Jawa

Kula mila sarujuk kaliyan serat ingkan dipun posting kaliyan setyawae, wekdal punika sampun kathah tetembungan ugi ukara ingkang sampun ical saking perbendaharaan kata ing basa Jawi amargi samenika sampun kathah perbendaharaan kata enggal ingkang dipun tambahaken wonten perbendaharaan kata Jawi. Punika mboten lepat saking peranipun para pengajar lan para penyelenggara kurikulum pindidikan ngengingi muatan lokal wonten sistim pendidikan masyarakat Indonesia
 
Bls: Ayo Nguri -uri Basa Jawa

miturut penggalih kulo umpami badhe ngajak rencang-rencang jawi rerembugan basa, langkung saenipun langsung rerembagan, saumpi wonten lepatipun inggih dipun koreksi
 
Back
Top