Kalau orang jawa, pareng misuh ora ?

angsal kemawon mas..........
menawi tangan panjenengan reget utawi kotor njenengan kudu wiuh-wisuh ngangge toya.
supados kuman2nipun mboten nyebar lan dados sumber penyakit.

:)

new on 1000 nggih mas, tulisan kulo wonten ngnggil wau namung guyon. ampun dianggep mboten tenanan....:)

menawi jengkel angsal kemawon misuh2, nanging menawi kiyambakan (mboten wonten tiyang sanes), sebab menawi wontwn tiyang mangkeh tiyang meniko saget duko dumateng mas ingkang misuh.......
 
waaaaaaaa, kok podho ngawur kabeh to, misuh sanes wisuh hehehehe......,mas jenengan niku tiyang pundi mawon to mbok nek nggen solo mampir nggene kulo, ben srawung, nggih mboten
 
misuh niku mboten pikantuk, monggo nyuwun pangertosan kalih ibu guru, jawabanipun mesti mboten angsal nggih to?!
 
weleh weleh weleh.... ampun misuh-misuh mas. misuh niku mboten sae, saestu. monggo guneman ingkang sae-sae kemawon. misuh nggih mboten wonten untunge. sami-sami ngendikan meniko mbok engkang sae kemawon. inggih mboten mas..... !!!! matur nuwun
 
:) :) :) Ok, ok, sepurane dhisik yo kanca2 kabeh. Kula inggih sampun ngertos yen misuh niku mboten pareng.
Nanging wonten ing satunggal ing panggenan, sak misale kuthaku Surabaya.
Misuh iku wis dadi panganan saben dina, nanging ora kerep bae. Kasar yen sampeyan sadaya mikir. Nanging paling iku wis dadi ciri khas ya...
Misuh iku ora mesthi ngelokne uwong, iso dadi ukara2 sing ora pantes dicapno.
Yen ora ngandel, tontonen acara tv lokal suroboyoan ...
Paling iki beda banget kare wong jawa tengah, paling yen ngomong krama inggil terus, ora tau ngoko kaya nang kene.
Sing ke loro, uwong kabeh rata2 mesthi pocap elek utawa misuh yen dheweke lagi kaget utawa refleks pas ing sijining kadadean. Iku uga ora disadari.
Mugi-mugi dadi pangertosan.
Nuwun.
 
kulo setuju mboten pareng misuh amargi niku didukani Alloh lho, amargi menawi misuh mengke ndak nglarani tiyang sanes lan niku dosa lho mas,dados nek atine mboten penak istighfar mawon nggeh mas
 
Ooo sontoloyo ... wis tak kandani, misuh iku ora oleh koq.
Adik-adik mboten pareng niru yo, awake dhewe nonton kebun binatang ae.

ape.jpg


 
misuh niku nggih penting mas,timbangane ngamuk hayoo,luwih becik misuh neng ati tinimbang ngamuk.yo too
 
wong wis dikandane ambek arek-arek kabeh ndik duwur maeng, ojo misuh tah cok ! eh keblablasen, sori yo su! aku jane mung arep ngomong yen macem misuh yo iku (diancok, diamput, diangkrik, kirek, mbokne xxxx, patek celeng (jawatimuran)matane, ndasm (pati) asu, bajigur, segawon cemeng, ndasmu, mbahmu (diy-jateng) bagong sia, sedenk (jabar). menawi sampun mangertos ampun miuh-misuh ngiih ndak kados segawon lo...
 
Bls: Kalau orang jawa, pareng misuh ora ?

wkwkkwkwkwkwk.....prek
misuh yow misuh tp kudu ndeleng panggonan,nak sepi sih ra po2.tp nak pas ng panggonan rame iso marai padu.
lah mending nak misuh ng pantai ae misuh'o sak kemeng2mu ra eneng sg ngelek ne.
tp ojo misuh2 ng pasar utowo terminal,iso2 di kiro wg edan ( ora waras ) ngko lhoo


bener misuh kwi cm ungkapan ati sg lagie mangkel utowo refleks ( saking kulinane misuh2 )


:terimakasih:
 
Back
Top