[share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

kang aku njagong nak kene mbok wenei kerlip ngak???
Eh mas guyonan ki kan ga serius! Huh capek to! Wöng lanang tek kemalan nesu!! Endi enek crito mu!:)):)):))

sik min, sik kesel mari dadi KPPS...
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Helm Rasa Klomoh

Wektu iku dino minggu awan, ujug2 koncoku sing jenenge Agus teko nang omah, tak umbar ae, mergo arek sitok iki lek duwe opo2 rodo kemoncolen alias seneng pamer. Koyo dino iku, teko2 langsung ngetokne untune sing sumuk alias ngguya ngguyu dewe. Bareng tak delok nang ngarep omah, montore anyar, jaman sakmunu numpak Honda NSR putih sing regoe 35 jetian wis jan ra ketok elek'e blas hahaha.. Agus crito lek arekne maren ae yo tuku helm teropong anyar sisan, regoe atusan ewu-lah.. Ora nutut olehku ngrungokne critane.. gae mbayar semesteran ae mbambet, kliyengan golek utangan :D
Menang nasib arek kie, rai elek tapi sugih..

Disingkat ae ya? Kesel lek nulis akeh2.. :D

Bar ngunu Agus ngejak muter2 suroboyo numpak montore sing anyar iku mau, mlakune irih2 koyo manten anyar, batinku seh laopo larang2 tuku sepeda motor sport tp mlakune nggremet wkwkwkwk.. diumbar ae lah, repot musuh wong sugih anyaran. Teko dalan ngarep'e Tunjungan Plaza Agus kuaget setengah modar, mergo disalip tipis karo spedah montor liyo, sak elingku Honda GL Max. Atine panas tah yo'opo Agus misuh2, karo aku yo malah tak obong2i sisan, "Cok uberen cok, mayak!!", jan bakat dadi provokator hahaha.. asline ngunu yo kesel muter2 ra enek tujuane, ora dipakani sisan :D

Tak akoni, Agus gayane koyok Palentino Rosi, montore digas, mak nyuuuuuuut.. kaet mau ngene lak penak hehehe.. GL mau yo banter sisan, opo maneh pas liwat dalan Embong Malang sing pas iku lagi sepi, jan koyo pembalut.. eh pembalap.. :D Akhire pas teko daerah Blauran GL iku keuber mergo kenek'an macet lampu merah, trus dijejeri karo Agus. Embuh ngomong opo, mergo nggawe helm teropong, Agus bengok2 misuh nang arek sing numpak GL. Lampu wis ijo, kendaraan liyo wis podo mlaku, ujug2 mak jegagik.. Agus minggirne montore.. Lho??!!.. Arek sing numpak GL iku mau yo wis ilang.. Aku mudun, "Opo'o koen mandek nang kene cok?! Arek'e wis ilang!" Agus njagang montore terus nyoplok helm'e karo misuh2.. "Jancok! Aku lali lek nggawe helm teropong, tiwas arek'e tak idoni.." ngomonge karo setengah melas. Embuh piye rasane nggawe helm klomoh idu.. plus bonus jibrat2 nang rai.. hehehehe..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

jiakakakakaka.....
ruepoooot... musuh wong sugih anyaran...
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Ben wae to mas wis ra usah diurusi wong koyo ngono ...wis bersyukur wae nek koncone dewek uripe dadi mulyo dadi ra nyusahi wong meneh.
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

iyo wis mbakyu.. gue melu bersyukur ae....
xixixixi...
mari ngene mesti cak niz pruotes......
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

maklum poi.. padahal judul thread wis jelas, jawa timuran, mbak denok iki ketoro nek durung tau nontok seni ludruk Kartolo-an.. sing judule "Welut Ndas Ireng!!" wkwkwkwk..

lha wong thread iki kanggo nguripi logat boso jowo jatim 'sukur njeplak' sing akeh'e sak taek ndayak ( podo2 jatim'e ae kadang bingung) iki koq malah digoleki pesan moral'e barang.. jiakakaka..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

huekekeke...
Baseman ratu congrohan....
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

iyo.. salah ngetik gue cak...
xixixixi..
crongohan kok dadi congrohan
yo wis..
kene bintange ae cak..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

iyo.. salah ngetik gue cak...
xixixixi..
crongohan kok dadi congrohan
yo wis..
kene bintange ae cak..

opo ae arek iki........ kene sing ndremimil cerito kok malah dijaluki bintang..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

lah.. mriki lak thread'e sampeyan tho cak..
lha kulo ate njaluk nang sopo nek gak nang sampeyan..
wis tah.. kene..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

wistalah hora iso nda........!!! koen iki njaluk gelut tah yo'opo??
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

jiak kak kak kak warah2 amu guyu kang niz...
Wixixi xixi warah2 amu guyu master!:D:D wak kak kak kak, asli ngakak aku....
LANJUUUT BRO!!
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

oy... cak niz lan cak poi...aku takok entuk po ra ??

takok yo... crongohan iku opo rek? podo ambek cocotan po ra to???
jawaben yo, lek ora dijawab...tak samber karo petirku lo....hikikikik
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

wistalah hora iso nda........!!! koen iki njaluk gelut tah yo'opo??

huakakakaka..
cak niz.. cak niz..
gue mboten biasa gelut cak..
wong biasane sing tukaran karo aku ndeleng pedang ae langsung mlayu je
xixixixixi..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

@ resi.. seje sedulur.. tak wenehi conto kalimat ae yo? artekno dewe.. :D
lah aku malah nirokno cak Eko Tralala alias cak Albaroyo (Ahli Bahasa Suroboyo) JTV.. kwikikikik..

- tontok'en tah rek.. raine Toni crongohan, arek iku paling gak iso lek ndelok arek wedhok ayu thithik
- koyok seminggu ra mangan, lambene Toni crongohan pas nompo sego berkat teko pak RT

nek jatim rodo kulon crongohan = cekakaran

awkwakwakwakwakwak...

kene bintangku pop!! ora usah nylimur utowo ngeles, nek musuh pedange ninja hatori sing sak imet yo ra ngefek blas! mina barang kie, jo koyah thok ae, kene bintangkuuuuuuu..

wkwkwkwkwkwk
 
oooooo...ngono yo...wis ngerti thitik aku...masio rodo' mumet....
suwun bin tengkyu yo cak....kie tak kek' i bintang 1 gawe awakmu....tompoen yo cak...<<3)<<3)
 
Back
Top