[share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

nizhami

New member
Lowo nang dalan A.Yani

Jenenge Romi, arek Burengan Kediri iki wis tahunan olehne urip ndek Suroboyo, meh podolah karo aku-lah, lair procot wis langsung digowo pak mbok nang Suroboyo nyambut gawe, tp sekolahku sbagian yo nang ndeso. Tapi lek Romi luwih ngenes, dhewekne langsung diungsekne nang mbak-e sing Suroboyo mergo wong tuwane Kediri koyo2 wis ra kuat ngopeni, kurang luwih yo ngunu lah. Jenenge ngenger/nunut dadine nasibe yo mesti rodo melas.

Romi iki arekne cuwawak alias lek ngguyu buanter, lambene iku lho.. lek mangap jan uuombo jeh.. Aku kenal Romi pas mlebu kuliah, konco sak kelas, arek iku terkenal, terkenal kemproh, rambute awut2an, klambine jarang diumbah, senengane gitaran lagune Nirvana, lek nyanyi banter karo merem2, karepe ngunu dihayati padahal suarane yo gk enak blas, celukane 'lungset'. Sing tak senengi teko arek iku pede-ne ra ilok, pede karo gak duwe isin kan bedhone thithik hehehe.. Lek aku palingo yo mung seneng gawe clono jins jebol2, kaos oblong, sandal jepit + rambut gondrong.. Aku karo Romi ki pikirane meh podho yoiku 'anti kemapanan' (maksude opo??), dadi ngene.. lek onok arek lanang pacak-ane rodo mboizz thithik langsung tak ilok2ne smpe areke isin. Opo maneh Romi, omongane luwih nggatelne brutu, 'C*k, koen kate nang irba tah? Raimu koyo garpu, duwik jek ijek njaluk emak ae gayae wis koyok artis!', padahal asline ngunu meri wkwkwkwk..

Wektu iku sak marine UAS aku karo Romi pengen mulih bareng nang Kediri, sepedahan montor. Untunge awake ndewe ki yo podo2 nduwe jiwa turing istilah gaul'e jiwa mbambung, sangu mepet pokoke tengki bensin full wani thok, montor moprot yo embuh mengko urusan mburi.

Dino sabtu sore jam stengah limo aku disusul Romi, numpak montore sing Honda GL Pro embuh taun piro pokoke rupane podo karo sing nduwe, ora tau diumbah, stir sliring, kampas rem entek, rujine teyeng kabeh (mergo gayane mbiyen sok gaul gawe ruji krom). Dasare arek gebleg/slendro/soak kate sepedahan adoh lha malah nggawe helm cibuk, gak jaketan sisan, utek-e ki diseleh endi?? Akhire tak silihi helm ku sing NSX, jaman sakmunu helm NSX gawan Honda wis jan mboiz, tapi asline helm iku yo olehku ngembat nang parkiran kampus, bondo pylox njaluk, stiker karo tuku koco helm werno ngejreng sing rego limang ewuan (lek digawe awan moto ngelu digawe bengi nabyak2) wis dadi hak milik wkwkwkwk.. yo karo tak silihi jaket sisan. Raine Romi lek tak tamat2ne asline yo gk elek2 temen, dipacaki thithik ae wis cocok dadi tukang parkir hehehe.. Okelah berangkat aku digonceng mburi..

Nang ndalan aku karo Romi olehne guyon ra mari2, padahal dalanan Suroboyo jam sakmunu mesti uleng2an. Mben onok arek wedhok rodo 'seriit' thithik lambene Romi reflek bengok2.. suwit.. suwit..!! Lek gak ngunu Romi ngerem ndadak njejeri arek wedhok sing numpak montor ijenan terus noleh karo ngomong 'thituuuuut..' Jan rai gedhek.. Lha lek aku ngunu yo gk majalah (masalah-red) wong raiku tak tutupi slayer hahaha..

Bareng teko dalan A. Yani sakdurunge bunderan waru, daerah ngarepe dpp golkar wis meh maghrib yo mergo macet iku mau. Montor mlaku nggremet koyok enthung, ujug2 embuh pekorone opo Romi nggegek koyok2 gk kenek diempet.. (lek gak salah ngguyu stiker sepedah liyo sing tulisane 'Gak Gatel-gatelan!!') lha pas ombo2ne cangkeme mangap.. ujug2.. mak bendunduk.. mak.. jegagik.. mak.. pluk.. LOWO!! Lowo urip rek..! mlebu nang cangkeme Romi! WKWKWKWKWK.. Olehku ngguyu sampe nangis2. Romi gupuh, watuk2, ngidu, trus ora mari2 olehne wiridan misuh. Embuh piye rasane cangkem diiseni kewan akeh gurem-e. Nggumunku lowone koq yo langsung iso miber, palingo enek yonine. Wong2 sing liwat yo melu mandek, ngakak karo ndeloki raine Romi sing abang ireng koyo lampu sepur. Salah sijine enek sing komentar, 'mangkane lek ngablak diatur mas..'. Sak jok-e kedadean iku Romi lek ngguyu lambene ora ombo2 maneh, kadang cuma mesem sok 'cute', jiahh.. gk asik lah pokoke. Wis ah aku senep lek kelingan..

nb : Romi kuliahe pedhot.. tapi arekne saiki kerjo ndek salah sijine BUMN, bagian IT (pertamae yo mbabu dikek..) karo njupuk kuliah maneh, ekstensi, informatika. Tuhan Maha Aneh.. Miss u bro.. Wkwkwkwk.. (lowo..!!)
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

aduh perutku sampek kaku! Bro iki cerito temenan po karanganmu? Aduh aduh..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

udan udan dalane lunyu dirimu ga teko aku yo rinduuuuuu
nyandi kanggggggggggggggg
aku ti tinggal dewek an ga ti pakan........
aku pengen ngakak lek ketemu awakmu neng ii.com
tapi awakmu cuek koyo bebek,,,,,,,,
padahal postinganmu uapik apik............
wok kok kok
<iki bahasa jawa opo yo bro>
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

@ dj, wkwkwk.. oke, kisah nizhami bambang nyudhonyowo bakal dilanjut. sepurane jeung, boso jowo jatim kulonan karo jatim etanan campur2 alias rusak hehehe.. untung durung kecampuran boso meduro.

@ chickenfighter, judul thread wis jelas buanget..

@ mina, ojo ngguyu ae, iki yo critoku yoo.. suwun 4 ur appreciate.. urun crito po'o min.. sepurane wingi mari nang juanda teko omah maghrib, bengine digeret2 konco dijak ndelok seni jaranan smpe isuk wkwkwkwk.. jan ndeso saknaliko.. teko omah awak ambune beluk menyan.. :D

ayo rek/cah/ker lek pengen cerito2 jawa timuran, ora usah isin2, angger njeplak ae, losss, sopo2 sing gk ngerti yo urusanmu.. wkwkwkwk..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

jiakakakakakkakakaka

lowone mak plak, sluppp

kok ora menisan di elek ae lowone

wakakakakakakak, ngakak tenan aq
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

ono beberapa istilah sing aku ora ngerti artine, tapi secara keseluruhan aku ngerti maksud ceritane.... sip kok abang ami.....:D:D
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

@ Aduh bayu...

@ Kang mas niz, jare urun crito tak enteni sampek
Lumuten ga ti dadek2ne,
Jiakak kak kak !
Jo panggah gendak an wae,,,
Jare pengarang berbakat kelas kakap...!
Jik ileng kang, tak enteni ra teko2 !
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

aku ra nduwe cerito sing lucu lucu..
ngenteni mina ae wis..
ayo min....
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

@ Aduh bayu...

@ Kang mas niz, jare urun crito tak enteni sampek
Lumuten ga ti dadek2ne,
Jiakak kak kak !
Jo panggah gendak an wae,,,
Jare pengarang berbakat kelas kakap...!
Jik ileng kang, tak enteni ra teko2 !

maaf min... penulis kan yo butuh mangan wkwkwkwwk.. rodo sak repotan kie... dodolan sepiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii................... :D akhire mloya mlayu mrono mrene tolah toleh koyok kipas angin... :)
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Sak tenane aku ora ngasupi, isih tresno sliramu,,,
Pas tausiah didi kempot
Koncoku <da> memang rodok bandel <mbeling>
Odrok2 nang barisan ngarep, ti seneni karo panitia, "mbak2 iki kanggo
Tamu undangan"
""lah lah aku yo mbayar kok"" <memang fans abote didi kempot>
Wek gek gek gek,

@@ yung alah bang, ngertio ngono tak tukuni
Mau,,,! Kkkkk
Yo sing sabar, jare marai
Subur !
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Sak jujur2 e atiku,
Luoro...
Aku kecewa banget !
Tapi opo artine diriku,?
Salah, tetep aku sing salah.... Dekne pener terus
Mungkin rupo sing kok arep2, lek ngomongne
Loro ati, atiku yo loro...
Memange mek dekne dw
Sing iso loro ati ?
Koyo mengkene kasih sayang seng mbok ngehne
Aku ?
Aku ngalah, aku wis nurut
Aku ngalah......
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

mrene min ndusel mrene.. kalah rupo menang dungo.. hehehe..

yo wis min, ojo dipikir nemen2, yo wis ngunu kuwi lah sing jenenge arek lanang, mangkane aku jan emoh tenan seneng karo arek lanang wkwkwkwk..

dirimu kie kan wanito, wani ditoto, sing sabar.. the truth is out there.. loh.. loh.. :))
embuhlah pokoke susah digawe seneng, seneng digawe sueneng hehehe..
 
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Crito iki wis tau tak post ndek thread jangan asem, ben luwih afdol tak pindahe mrene, karo bosone tak ganti boso jowo.

Bis Kota
by : Franky Sahilatua

Sawijining dino ndek belahan bumi liyo bis kota jurusan Pasar Turi - Bungurasih mlaku alon2, penumpange desek2an termasuk cak sodron sing kate dolen nang omah pacare nde daerah Jombang. cak sodron kepekso ngadek mergo gak kebagian lungguhan

pengamen : Jrengg..!!
Berjalan di bawah lorong pertokoan
Di Surabaya yang panas
Debu-debu ramai berterbangan
Di hempas oleh bis kota

Bis kota sudah miring ke kiri
Oleh sesaknya penumpang
Aku terjepit disela-sela
Ketiak para penumpang yang bergantungan

kernet : "..Polda.. Polda.. Rungkut oper Lyn.."
penumpang : "Jan**k sikilku koen idak c*k!! Njaluk dalane thithik po'o, wis kate mudun ki.."
cak sodron : "Sepurane, sing sabar rek.."

- bis mlaku maneh, gk suwi.. -

cak sodron : "Lho.. lho.. Dompetku ilang c*k..! Arek sing sikile tak idaki iku mau berarti copet.. Nggateliii..!!"
pengamen :
Berjalan di bawah lorong pertokoan
Di Surabaya yang panas..
cak sodron : "Buyar! Buyar! Koen iki opo ae seh!! Koen gk ngerti dompet ku ilang tah? Kok yo sik sempat2e ngamen pas kupingku, koen gk usah nyanyi koyo ngunu iku aku yo ngerti lek Suroboyo iki puanas c*k.."
pengamen : :D (njero ati : 'stres arek iki, tak pikir aku thok..')
kernet : "Petra.. Petra.. Siwalankerto.."
asongan : (ndusel2 trus jawil2 cak sodron) "Sabuk-e mas, sepuluh-ewuan, nopo topi, gangsal-ewuan ke mawon, sae2 niki mas.."
pengamen : Jriiinggg! (suara gitar)
Surabaya yang panas..
cak sodron : ??&%#!!!!

- gk suwi.. -

Cethingg..!! (suara koin telpun umum ndek terminal Purabaya)
cak sodron : "Hallo..? assalamualaikum. iki koen tah jon?"
cak jon tralala : "waalaikumsalam, sopo iki c*k?"
cak sodron : "iki aku, sodron."
cak jon tralala : "ealah sodron.. tumben koen telpun omah, onok opo?"
cak sodron : "Jon, koen lak koncoku sing paling apik se? Aku susulen nang mbungur po'o, aku maren ae kecopetan c*k!"
cak jon tralala : "Wkakakaka gk mboizz blas dirimu su.., koen lapo klayapan tutuk mbungur iku.."
cak sodron : "Raimu c*k! Wistalah engko ae tak critani. Wis yo raimu sing gak ngganteng blas iku tak enteni nang pos jaga cedake mesjid, wis koinku kari iki thok, hpku ra enek pulsane sisan. Cepet yo jon.."
cak jon tralala : "Koen sing sabar, entenono dhiluk aku tak nontok tom n jerry dikek. Lagi seru2ne ki.. Wkwkwkwk"
cak sodron : "Janc*k c*k c*k raimu a*u..
Tuut.. Tuut.. Tuut.. (koin entek..)
 
Last edited:
Bls: [share] Cerito Basa Jawa (rusak), Jawa Timuran

Ngakak sek ya!
Hag hag hag gak gak gak...
Kang mas niz,,,
Uduk cinta2nan..
Opo maneh wong lanang..
Lek kamus cintaku <ninggalne aku golek wong lanang sewu>
Kok susah !
Tapi loro atiku sing kuwi angel ti omongne! Kwik kik kik
<ndusel arek mbok susoni ya sayang..> kkkk
 
Back
Top