nizhami
New member
Lowo nang dalan A.Yani
Jenenge Romi, arek Burengan Kediri iki wis tahunan olehne urip ndek Suroboyo, meh podolah karo aku-lah, lair procot wis langsung digowo pak mbok nang Suroboyo nyambut gawe, tp sekolahku sbagian yo nang ndeso. Tapi lek Romi luwih ngenes, dhewekne langsung diungsekne nang mbak-e sing Suroboyo mergo wong tuwane Kediri koyo2 wis ra kuat ngopeni, kurang luwih yo ngunu lah. Jenenge ngenger/nunut dadine nasibe yo mesti rodo melas.
Romi iki arekne cuwawak alias lek ngguyu buanter, lambene iku lho.. lek mangap jan uuombo jeh.. Aku kenal Romi pas mlebu kuliah, konco sak kelas, arek iku terkenal, terkenal kemproh, rambute awut2an, klambine jarang diumbah, senengane gitaran lagune Nirvana, lek nyanyi banter karo merem2, karepe ngunu dihayati padahal suarane yo gk enak blas, celukane 'lungset'. Sing tak senengi teko arek iku pede-ne ra ilok, pede karo gak duwe isin kan bedhone thithik hehehe.. Lek aku palingo yo mung seneng gawe clono jins jebol2, kaos oblong, sandal jepit + rambut gondrong.. Aku karo Romi ki pikirane meh podho yoiku 'anti kemapanan' (maksude opo??), dadi ngene.. lek onok arek lanang pacak-ane rodo mboizz thithik langsung tak ilok2ne smpe areke isin. Opo maneh Romi, omongane luwih nggatelne brutu, 'C*k, koen kate nang irba tah? Raimu koyo garpu, duwik jek ijek njaluk emak ae gayae wis koyok artis!', padahal asline ngunu meri wkwkwkwk..
Wektu iku sak marine UAS aku karo Romi pengen mulih bareng nang Kediri, sepedahan montor. Untunge awake ndewe ki yo podo2 nduwe jiwa turing istilah gaul'e jiwa mbambung, sangu mepet pokoke tengki bensin full wani thok, montor moprot yo embuh mengko urusan mburi.
Dino sabtu sore jam stengah limo aku disusul Romi, numpak montore sing Honda GL Pro embuh taun piro pokoke rupane podo karo sing nduwe, ora tau diumbah, stir sliring, kampas rem entek, rujine teyeng kabeh (mergo gayane mbiyen sok gaul gawe ruji krom). Dasare arek gebleg/slendro/soak kate sepedahan adoh lha malah nggawe helm cibuk, gak jaketan sisan, utek-e ki diseleh endi?? Akhire tak silihi helm ku sing NSX, jaman sakmunu helm NSX gawan Honda wis jan mboiz, tapi asline helm iku yo olehku ngembat nang parkiran kampus, bondo pylox njaluk, stiker karo tuku koco helm werno ngejreng sing rego limang ewuan (lek digawe awan moto ngelu digawe bengi nabyak2) wis dadi hak milik wkwkwkwk.. yo karo tak silihi jaket sisan. Raine Romi lek tak tamat2ne asline yo gk elek2 temen, dipacaki thithik ae wis cocok dadi tukang parkir hehehe.. Okelah berangkat aku digonceng mburi..
Nang ndalan aku karo Romi olehne guyon ra mari2, padahal dalanan Suroboyo jam sakmunu mesti uleng2an. Mben onok arek wedhok rodo 'seriit' thithik lambene Romi reflek bengok2.. suwit.. suwit..!! Lek gak ngunu Romi ngerem ndadak njejeri arek wedhok sing numpak montor ijenan terus noleh karo ngomong 'thituuuuut..' Jan rai gedhek.. Lha lek aku ngunu yo gk majalah (masalah-red) wong raiku tak tutupi slayer hahaha..
Bareng teko dalan A. Yani sakdurunge bunderan waru, daerah ngarepe dpp golkar wis meh maghrib yo mergo macet iku mau. Montor mlaku nggremet koyok enthung, ujug2 embuh pekorone opo Romi nggegek koyok2 gk kenek diempet.. (lek gak salah ngguyu stiker sepedah liyo sing tulisane 'Gak Gatel-gatelan!!') lha pas ombo2ne cangkeme mangap.. ujug2.. mak bendunduk.. mak.. jegagik.. mak.. pluk.. LOWO!! Lowo urip rek..! mlebu nang cangkeme Romi! WKWKWKWKWK.. Olehku ngguyu sampe nangis2. Romi gupuh, watuk2, ngidu, trus ora mari2 olehne wiridan misuh. Embuh piye rasane cangkem diiseni kewan akeh gurem-e. Nggumunku lowone koq yo langsung iso miber, palingo enek yonine. Wong2 sing liwat yo melu mandek, ngakak karo ndeloki raine Romi sing abang ireng koyo lampu sepur. Salah sijine enek sing komentar, 'mangkane lek ngablak diatur mas..'. Sak jok-e kedadean iku Romi lek ngguyu lambene ora ombo2 maneh, kadang cuma mesem sok 'cute', jiahh.. gk asik lah pokoke. Wis ah aku senep lek kelingan..
nb : Romi kuliahe pedhot.. tapi arekne saiki kerjo ndek salah sijine BUMN, bagian IT (pertamae yo mbabu dikek..) karo njupuk kuliah maneh, ekstensi, informatika. Tuhan Maha Aneh.. Miss u bro.. Wkwkwkwk.. (lowo..!!)