@ Kedua Adikku sayang..
Alon2 wathon kelakon,
Mengko pasti ketemu dalane..
Ora usah kemrungsung...
Mengko mundak ra karu2an...
Ojo podo kakean ngalamun,
Mengko mundak dadi tambah bingung,
Mundak gethun tembe mburimu
Mbok sing sareh....
Ati sing jejeg supoyo biso mantep,
Alon2 yen mlaku lan nyambut gawe....
Ben ora digondol wewe...
@ Diriku sendiri...
Mbah Toyib...
Sugih bondo...
Sugih duwek lan ora medit,
Akeh amale,
Sregep Sholate,
Ra tahu lali nderes Qur'an..
Senajan wis tuwek,
Anak putune podo taat...
Mbak Toyib...
Pancen seneng silaturrohmi,
Mulakne panjang umur lan akeh rezeki,
####################
Jare ngaku Islam,
Namung kok KTP-ne,
Sing ora Sholat bakal rugi uripe...
Urip mung sepisan,
Ojo sak enak'e..
Ojo dumeh sugih bondo,
Banjur ninggalno agomo,
Ojo dumeh duwe pangkat,
Dadi lali Sholat,
Elingo yen bakale nang akherat,
Ning donyo piro wene,
Ojo lali karo sejatine,
Ning donyo mung bebasan mung mampir ngombe,
Ojo lali karo Pangerane...
Nyambut gawe..
Direwangi rino wengi,
Ndas dadi sikil,
Sikil dadi endas,
Ojo lali Sholate...
###########################
Jaman wis akhir,
Jaman wis akhir bumine goyang....
Ngakehno dzikir,
Atine ben iso tenang...
Jaman wis akhir,
Akeh wong maksiat,
akeh wong sugih dadi melarat,
Akeh wong pangkat,
Nanging gak mikir rakyat,
Akeh wong wis gak iso mikir,
Akeh wong sing wedi ra iso mangan,
Uripe akeh sing bingung,
Jaman wis akhir,
Bumine wis retak,
Akeh wong wis ra nduwe otak,
##############################################
Special buat diriku sendiri....
############################
Repote wong dadi tani,
Sholate kadang lali,
Opo maneh pinuju panen,
Sholate wis ora kopen....
Repote wong nggarap sawah,
Sholate sak wayah2,
Opo maneh wayahe tandur,
Sholate diundur-undur...
Repote dadi pedagang,
Sholate digawe gampang,
Opo maneh dagangane laris,
Durung Sholat ngakune uwis...
Repote dadi pejabat,
Mikirke nasibe rakyat,
Opo maneh wayahe pemilu,
Sewengi ra iso turu...
######################################
Sirah nganti dadi sikel,
Bot bote nggolek duwek,
Direwangi awak'e mobat mabit,..
Sirah dadi sikel,
Sikil dadi sirah,
Direwangi mondar-mandir,
Nganti awak'e mobat mabit,
Mburu senenge urip..
(Mugo2 pelanggan WarLes diparingi slamet....Aamiin...)
Paribasane sak ben dinone lawuhe mung tahu lan tempe,
Ora popo...sing penting iso tambah syukure...
Mugo2 tambah berkah lan adoh bilahine....
################################
Lamun menungso dicobo karo kesenengan,
Dewek'e ngomong; "Iki gampang, iki kanugrahane Pangeran...."
Nanging yen menungso dicobo uripe rekoso, dewek'e banjur podo ngomong:
"Pangeran ra tresno!!! Ndongo ra tahu dikabulne...."
Elingo poro menungso!!
"Sugih iku duduk ukuran mulyo!"
Menowo sugih yo syukuro, menowo melarat yooo sabaro....
Mung iman kang dadi barometer...